Empu Brajakarya
Empu Brajakarya kuwi sawijining empu kondhang ing jaman krajan Surakarta. Keris-keris gaweyane umume karan keris tangguh Mangkubumen.
Keris gaweyane bisa kawruhan saka ganjane sing kagolong sebit ron tal, saengga wujude rada mlengkung. Pucuk endhas cecake lincip. Wetengane remping lan perangan pucuk buntut urange luwih amba.
Ukuran wilah kerise sedhengan, dedege lempeng. Pesine pandhe mateng, pamore kebak warata ing wilahan. Lan umume pamore nginden utawa mantulake cahya. Cakrik pamore maneka warna, umume kagolong pamor mlumah.
Yen gawe kembang kacang, umume cakrik gelung wayang. Sogokane rada jero, janure memper sada. Yen gawe da ing perangan ron da pucuk-pucuke lincip lan luk-luke jero. Yen tanpa kembang kacang, gandhike digawe miring. Keris gaweyane Empu Brajakarya kagolong gagah lan sulistya ing rupa, nanging ukurane ora gedhe

Tidak ada komentar:
Posting Komentar
SILAHKAN BERI MASUKAN UNTUK MENUNJANG KARYA